Rabu, 09 Mei 2012

Rames


Rames
AJA klalèn, ngko bengi teka nang enyong
Kowen ora susah pada mangan
Nang umahé enyong, mangan rames nganti njubel
Tak entèni, bar isya…!

Kuwé smsé Glèmboh maring Dasmad, Kapèr kambèn Jayèng. Waktu kuwé wong telu pas lagi gitaran nang gardu ronda, cedek umahé Kapèr. Dengarèn temen Glèmboh ngajak mangan-mangan. Apa lagi ulang taun? Embuh ya…! Sing jelas Glèmboh ngajak mangan-mangan rames!
“Ngko pibèn Mad…?” ujug-ujug Jayèng nyuwara takon maring Dasmad.
“Pibèn…pibèn Yèng?” Dasmad balik takon.
“Maring umahé Glèmboh bareng baé?” omongé Jayèng.
“Apiké ya bareng. Jaré kowen pibèn Pèr?” Dasmad njaluk pendapat karo Kapèr.
“Yaa…..suka bareng-bareng. Kowen ora susah balik dingin Yèng, wong tanggung. Dèlat maning isya.” semauré Kapèr.
“Saluguné yanu wis ngelih nemen. Pèngin yukul, Pèr.” omongé Jayèng kambèn cekelan weteng, sangking ngelihé.
“Sabar. Ngko nang Glèmboh mangan rames nganti wudelé mèncong! Nyong kambèn Dasmad bé, awit sore sengaja ora mangan ka....” omongé Kapèr. Kepaksané Jayèng sakuwaté nahan ngelih.
Ringkas crita, wong telu teka nang umahé Glèmboh. Ora let suwé banyu putih disandingna. Wong telu wetengé pada pating plèlètan.
“Ramesé endi Bloh? Wetengé yanu wis blèh tahan. Ngelihé por-poran. Gagiyan ramesé ditokna.” omongé Jayèng blaka suta. Uga Kapèr lan Dasmad.
“Ya’ul. Ramesé lagi ditatani gonèng bojo” omongé Glèmboh karo ngundang bojo kon cepet ngetokna ramesé.
Ora let suwé, bojoné Glèmboh mètu nggawa rames. Trus dèwèké manjing njero. Sawetara wong telu, mandeng panganané sing dilèr nang klasa, tibané gèlèng-gèlèng.
“Bloh… endi ramesé?” omongé Jayèng.
“Laa….kuwé rames nang ngarèpé kowen. Kari dipangan ka…takon” jawabé Glèmboh kalem.
“His?! Ganing mung sega aking diklapani ?? Rijèk énté, aja yachanu…..”
“Ya….rames ya! Kiyé sing arané rames; ramesti….bol! Wong lagi paceklik ya saanané….”.

Cocolan
DASMAD kambèn Kapèr lagi jagongan nang Taman Lilin ngarèpé Gedung DPRD Kota Tegal. Kaya biasané wong loro pada srupat-sruput nginung Wèdang Gandring. Yakuwé salah sijiné wèdang sing digawé gonèng bahan-bahan kayadèné, pala, kamijara, asem, kapulaga, gula jawa, mrica lan liya-liyané. Wèdang kiyé pancèn tembé ana nang Kota Tegal sing lagi dipopulèna ganing Yu Jènab. Rasané kaya Wèdang Alang-alang tapi luwih joss.
Kang Dasmad, Kapèr, Jayèng, Oom Brindil dan Glèmboh, ora liya uwong-uwong sing dadi langganané Yu Jènab. Ora hèran adong saiki Dasmad kambèn Kapèr wis lèsèhan nang warungé Yu Jènab.
“Jayèng, sida mèlu nyalon bekel Mad?” Kapèr buka suwara.
“Jaré ta mèlu. Dadiné embuh.” semauré Dasmad.
“Pirasaté kowen pibè? Jayèng cènggang-cènggeng, apa ia pantes dadi Bekel?”
“Nasibé menungsa sih laka sing ngarti, Pèr. Wong kowen bé bisa dadi bupati ka…wong nang dunya tah bisa molak-malik. Asalé nang ngingsor, ujug-ujug bisa nang nduwur” omongé Dasmad.
“Éé…kaya kuwé? Contoné pibé, Mad?” takoné Kapèr.
“Contoné? Dong kowen karo bojo jaran-jaranan. Awité kowen nang nduwur, ujug-ujug kowen diwalik nang ngingsor hé hé hé…..” semauré Dasmad kambèn cèngèngèsan.
“Brisik lah! Kiyé serius Mad, omongan tuwa. Nasibé Jayèng rijèk. Klakon dadi bekel apa tambah ora karuwan-karuwan? Masalahé kaya kiyé Mad, adong Jayèng dadi bekel, yanu karo énté bakal ombèr!” omongé Kapèr.
“Sikah! Ombèr ndasmu pokah! Jayèng nyalon bekel gawan apa? Arané wong pan nyalon bekel, bandané kudu sahahahaha. Lha…Jayèng gawané apa?” Dasmad coba takon karo Kapèr.
“Jayèng duwé warisan sawah lan pekarangan, Mad!” jawabé Kapèr.
“Sawah karo pekarangan, ndasmu dilempag! Jayèng gawané cocolan, soglog!”.

Nang Mejasem
ATINÉ Kapèr soré kiyé bener-bener ketar-ketir. Masalahé, awit jam siji awan kosihk pan rep, Dasmad nganggo motoré Kapèr gurung balik-balik. Kapèré dèwèk, dong dipikir ya salahé gedé. Wong Dasmad tembé diajari numpak motor, dilos dèwèkan maring endi ora.
Sedèlat-sedèlat, Kapèr ndeleng jam. Bolak-balik ana suwara motor, dèwèké metu maring njaba. Barang dideleng, gudu Dasmad.
“Waduh! Cilaka. Kaé uwong dongé blajar motoré nang endi ya? Cilaka mentit!” grutuné Kapèr karo cangkemé mucu-mucu.
“Apa ditangkep Pulisi apa……waduh! Sida rempon kyèh, duwité nyong modol-modol adong bener ketangkep. Wis ora nggawa STNK, ora duwé SIM…..wah wah wah….cilaka duabelas!” Kapèr ngedumel ora uwis-uwis. Atiné cop-copan kaya pan copot.
“Kadal ndèyan! Bisané nyong mau ngolihi Dasmad nganggo motoré enyong ya? Alaaa….blai blai temenan!”
Saking ora kuwaté, Kapèr nganggo pit nggolèti maring endi-endi ora. Dèwèké kedangsrakan maring dalan-dalan gedé lan ora kètang maring plosok-plosok kampung kambèn nang lapangan. Mung sakabèhan panggonan sing diambah, ora meruhi Dasmad. Akhiré, Kapèr nggesruk nang wit asem lapangan PJKA. Ambekané megap-megap, kringeté drojosan pating ndlèwèr nang batuké lan pilingané.
Ujug-ujug matané Kapèr weruh klèndabé Dasmad. Mung ih! Bisané Dasmad mlaku nglèyang, tengak-tenguk dèwèkan ora nggawa motoré dèwèké? Atiné Kapèr sangsaya curiga. Aja-aja ana apa-apa. Ah!
“Mad…!! Dasmaaaadddd…..!!!” Kapèr bengok-bengok ngundang Dasmad.
“Hai Pèr!!” semauré Dasmad karo mlakuné radan deglag marani Kapèr.
“Motoré endi Mad?! Bisané kowen ngglandang? Aduh, pibèn Mad? Aja guyonan….” Kapèr brondong pitakonan waktu Dasmad nang ngarèpé.
“Aja prulukan kaya kuwé kowen ngomong, Pèr! Kowen jahat kambèn enyong. Kowen ngajari enyong mung cara njalanané motor. Tapi ora ngajari pibèn carané ngandegna motoré. Kowen jahat!” jawabé Dasmad.
“Iyaaaa….Mad! Tapi saiki motoré enyong nang endi?” omongé Kapèr kambèn matané merkabak.
“Kaèh tak gesrukna nang sawah Mejasem…!!!”.

Wanyad
JAWANÈ Glèmboh, Kapèr karo Jayèng kepèngin dadi bintang filèm nang Jakarta. Èsuk uput-uput, wong telu numpak sepur Tegal Arum. Dongèné sih Kang Dasmad pan mèlu, mung krana awaké ana sing dirasa, akhiré ditinggal. Anjog nang stasiun Senèn, wong telu mudun. Wong telu ora sekal maring tempat tujuané, malah klintong-klintong dingin ngubengi Kota Mètropolitan. Moniné mumpung nang Kota Jakarta, disisana nglayab sakentrang-kentrang. Utamané Glèmboh kambèn Jayèng sing gurung tau lelungan maring Jakarta.
“Ih…! Jebulé nang Jakarta ora bèda kaya nang alas ya Pèr?” omongé Glèmboh waktu nang pusat kota.
“Maksudé kowen pibèn mBloh?” Kapèr takon.
“Kotané rungseb. Umahé sol-solan, dalané semrawud….” jawabé Glèmboh.
“Ya! Kiyé sing arané Mètropolitan mBloh. Umahé dèmpèt-dèmpètan, giliné sesek ruwed. Uga gedungé duwur-duwur kaya pan nggruwek langit. Adong ora kaya kuwé, gudu Jakarta. Dong nang kampungé kowen tah, sing paling duwur wit jati! Nang kèné wit jatiné diganti dadi gedung-gedung perkantoran” Kapèr njelasna.
“Ih, ih iiihhhh….kaé sing kemerlob oncor raksasa Pèr?” omongé Jayèng waktu weruh Monas.
“Toblèg….toblèg…toblèg…!!! Kaé gudu oncor raksasa Yèng. Kaé Tugu Monas sing pucuké ana emasé. Ah, payah ah….ngajak bocah kidam maring Jakarta pada kamso kabèh. Ngisin-ngisina….! Wis lah kita lanjut klintong-klintong.”
Wong telu akhiré yag-yagan maring endi ora. Ujug-ujug, ciplosé wong telu weruh bungkusan ngglètak nang tengah dalan sepi. Rikat diparani bareng-bareng.
“Kiyé musti duwit!” omongé Glèmbloh.
“Ora! Kiyé gudu duwit. Tapi emas!” omongé Jayèng.
“Salah kabèh! Tapi tai!” omongé Kapèr.
“Ora! Kiyé emas!”
“Gudu! Kiyé duwit!”
“Gudu! Kiyé tai!”
Wong telu pada rèang. Ribut dèwèk-dèwèk. Barang bungkusan dibuka….:
“Kwèh, percaya?! Pan dadi bintang filem olihé tai! Saiki balik maring Tegal maning! Jakarta pancèn wanyad! Isiné tai tok….!!”.

Selasa, 06 Maret 2012

Ngadusi

KERSANÉ Pengèran, Kapèr dadi wong sugih. Adaté wong sugih, nang umahé ana pembantuné. Salah siji dina, wayah awan, bojoné Kapèr pan mangkat arisan. Maring pembantuné, Dariyah, dèwèké wanta-wanti. “Nyonyah pan lunga, ana urusan. Bocah-bocah diadusi kabèh, tolih jogan- jogan disaponi Yah, bèn katon kinclong. Paham Nyonyah ngomong?” omongé bojoné Kapèr nganggo sebutan Nyonyah kedingan. Gaya uluné nemen. “Paham Nyah!” jawabé si Dariyah.
Bojoné Kapèr latan ngloyor, metu njaba. Mbak sripit ambu sandangané wangi nemen. Dèwèké nganggo kacamata
ribèn lan numpak motor kinclong-kinclong sing tembé dituku. Pokoké, bojoné Kapèr katon okèm banget. Gaya uluné por-poran. Wayah soré teka, bojoné Kapèr, balik umah. Tapi antiné bojoné Kapr sèwot nemen waktu weruh bocah-bocah during pada diadusi. “Kowen dongé kerjané apa Yah? Waktu pan lunga, Nyonyah kan wis ngomong karo kowen, bocah-bocah diadusi kabèh. Bisané nganti pan sèndakala durung diadusi? Gobogé kowen budeg apa pimèn sih?” sruwang bojoné Kapèr kambèn matané mendelik. “Anu, Nya . . . . Éh . . . maaf Nyonya. Enyong blèh sempet ngadusi bocah-
bocah” semauré Dariyah. “Bisané?” “Sebab Tuan Kapèr maksa enyong kon ngadusi!”


KOPI KUCING

KOPI KUCING
 
Sawijining dina Setro Mino namu nang omahe Setro Njingik.
Dheweke diwein kopi karo Setro Njingik. ngertine kopine enak nemen
soale Setro Njingik ngalem marang kopi sing diwein
Setro Mino terus nyruput kopine soale penasaran karo rasane.

Setro Mino:

 kie kopi apa? daning rasane rada kecut?

Setro Njingik:

Kuwe kopi istimewa, eben padha karo kopi luwak sing larang kae

Setro Mino:

Woo kaya kuwe, kopi apa namane?

Setro Njingik :

Kopi kucing, aku gawe dewek

Setro Mino:

Gaweanmu dewek , apa sebabe diarani kopi kucing?

Setro Njingik:

Sebabe diolah lewat kucing. Yen kopi luwak kopine dipangan luwak ndisit sedurungne diolah, kopi kucing dipangan kucing sedurunge diolah dadi kopi bubuk. Aku pancen terinspirasi kopi luwak, eben gampang aku nanggo kucing bae.

Setro Mino:

Kucing doyan kopi?

Setro Njingik:

Ya ora lah. Kopine tak gerus rada kasar, trus tak campur gesek, bar kuwe tak pakakna kucing.

Setro Mino (wetenge mulai mules) :

Terus...

Setro Njingik:

Mengko yen wis metu bareng kotoran kucing terus gerusan kopi disaring, dikumbah, dipepe anjog garing terus digiling maning nganti alus. Lha kie owen sing pertama nyoba kopi kucing loh, wong durung ana sing tau diwein kopi kucing. Aku dewek pan nyoba ora wani jal . Pimen mas, enak ora rasane?

Setro Mino:

Hoeeeeeekkkk! Hoeeeekkkkk! (Undil - 2012)

tags: blog bahasa jawa, cerita bahasa jawa, cerita lucu basa jawa